Dino iki seneng tenan
Sedelok maneh arep posoan
Sing gawene ring uringan
Senengane tawuran
Mending ndang tobat tenanan
Penak kekancan

Sesuk wulanne wes poso,
Dilereni rasan rasan tonggo
Ngibadahe ditingkatno
Maksiate ditinggalno
Yen kepingin urip mulyo
Ora sengsoro

Ubur ubur ikan lele
Ayo sahur ndang tangio tole
Jangane wes diangetne
Lawuhe iwak tempe
Jolali karo peyek e
Manteb rasane

Ubur ubur kapal keruk
Ayo sahur ndang tangio to Nduk
Jangan terong nganggo krupuk
Ngombene es jeruk
Dikancani pitik kluruk
Jebol wes isuk

Kliwat saure
Kakean dolanan hape
Dikurangi begadange
semangat ngibadahe
Ayo cah semangat ngibadahe

 

Bagikan:

Tags:

Leave a Comment