Kedaden tenan
nduwe omah sing ra berisik
Kebak katresnan
Kebak kasih lan sayang

Ngobrol raono entek e ning tengah wengi
Tetes embun sing ngancani
Aku sampean koyo lagi kasmaran
Tenan
Mlaku teko tuwo bebarengan

Matursuwun wis ngancani aku selama iki
Wis iso saling nguat – nguatke
Gudo wong lio sing ra seneng hubungan iki berlanjut

Tatak mlakune
Ning jobo banter tenan angine
Soyo dewasa ra ngenteni badai terang
Nanging sinau nari ning tengah udan

Hanggegem asto
Supayane bakoh bebrayan
Manekung saliro
Yen rubedo angadhang

Mugi slawase ngancani
Setyo tulus ku anggon dampingi mu
Bedo rogo gandeng tresno

Bagikan:

Tags:

Leave a Comment